Laptop Tipis, Spesifikasi Tebal

     
     "Mas Bayu mas Bayu we ki jan kok beruntung timen yo dadi uwong, oleh Asus ROG saiki giveaway Asus Zenbook iki. mas mas, youtuber youtuber i wes sugeh sugeh isek oleh endorse laptop laptop larang pisan, mbok yo seng due ide ide kreatif utowo naluri naluri creator koyo wong wong ngene iki dikei laptop mas, ben iso mengekspresikan diri, ben iso ngedit, ben iso dadi dadi creator creator di Indonesia." kebanyakan dari semua orang pasti banyak yang dalam hatinnya seperti itu ketika melihat seorang youtuber youtuber mendapat endorse laptop laptop mahal, termasuk aku.

     Menurutku, sebenarnya creator creator di Indonesia ini banyak sekali, cuman mereka belum punya modal yang cukup untuk menjadi booming atau bisa dikatakan kurang bejo, banyak youtuber youtuber yang sudah terkenal bilang kalo untuk menjadi seorang youtuber tidak perlu modal yang banyak dan besar, sederhana saja. Yakelah mas mas, andaikan youtuber melihat laptop yang saya gunakan menulis ini, Beeh !, sebenarnya bisa sih buat ngedit tapi menggunakan software yang super ringan, itu saja ngrendernya lama sekali, baru untuk file yang ukuran puluhan mb, hasil rekaman hape, belum kamera. Ben percoyo ki tak dudoi fotone ning ngesor iki.


     Yo iki alasanku milih nulis blog wae daripada gae video 2 menitan nggo ngolehne Asus Zenbook giveaway dari dirimu Bayu Skak iku, soale aku iki selain gak ada kamera, laptopku yo koyo ngono, ngono ritek iku laptoppe wes rasa komputer, Mergo ngopo ? Ale nganggo kudu karo dicharge terus, selain iku yo isone kui maeng njalanke software editing seng paling ringan.

     Untuk itu, fasilitasilah para para creator sepertii saya ini, ya belum creator sih sebenarnya, tapi masih belajar menjadi creator. fasilitasilah kami dengan Asus Zenbook tersebut, karena Asus Zenbook tersebut mempunyai spesifikasi yang menurut kami sudah dewa di kalangan kami. Laptoppe kui dibekali RAM 8 GB, intel core i7 pisan, mari ngono isek ditambah grafikke seng Nvidia Geforce 940MX, karo kecepatan laptoppe seng 2133 Mhz. wah jan wes wenak iku nggo ngegame maupun editing.
 
     Selain itu, creator creator kan jika berpikir gak mungkin di satu tempat, pasti dimanapun dia juga akan berpikir, nah kadang kadang pas pikirane lagi cemerlang, nek ra nggoowo laptop kan bingung, pengenne pikirane iku diaplikasikan langsung, coro jowone SELAK LALI. laptop iki yowes memenuhi kebutuhanne iku, mergo opo ? laptop Asus Zenbook iki ora abot, beratte lo mung 1,4 kg. karo nek ng tas ra ngebak ngebakki nggon mergo tipis, tipisse ngasi 18.95 mm, bayangno, wes jan sempurna tenan nek due laptop iki.


     Nggo para pembaca, yo sepurane yo aku nek nulisse nganggo boso campuran ngene iki, soale seng tak adepi ki Bayu Skak, wonge wong jowo, nek nggae video wae yo nganggo boso jowo kadang kadang wonge, yo sepurane yo. mengko nek butuh terjemahane tak gekne.

     Lanjut nyang Asus Zenbook neh yo, ora lali windows e Asus Zenbook iki wes Windows 10 Pro, dadi yowes penak nggo operating system e. gek layarre gedhe, jernih, grafisse yowes andalan pisan. ditambah laptop iki bezelle (pinggirane layar) iku tipis banget, dadi yowes koyo layar kabeh ngono layarre, yo nek wes ngono mestine warnane yo akeh lan optimal banget.

      Oh iyo laptopku iki penyimpanane mung 500GB, isek windows 7 pisan, maklumlah laptop ket tahun antara 2011/2012 mas mas, tapi iki yo Asus, Asus Eee PC 1215B, ngomong ngomong aku i yo pecinta produk ASUS lo, buktine selain laptopku, hapeku wae yo ASUS. balik nyang penyimpananne laptop iki maeng. Jaman saiki penyimpanan 500GB wes rakenek nggo opo opo, ra sue ngono wes kebak hardisk e, nah neng laptop Asus Zenbook iki penyimpananne wes 1 TB (1000GB) bayangno, isek ditambah SSDne 128GB, wes kenek nggo nyimpen opo ae sak puasse tenan, ngono isek ditambah maneh konektivitasse Asus Zenbook iki ultra cepat 10 kali lebih cepat songko biasane, didukung karo USB type C, USB 2.0, USB 3.0, HDMI, karo SD Card, kui seng butuh colokkan, nah seng ra butuh colokkan iki yo banter koyo Wifi karo bluetooth, kecepatane ngasi 802.11 ac.

     Ket maeng ngomongke seng nggo editing karo game wae, yowes dari sisi nggo ngetik, Keyboard e laptop iki penak wes, mergo dhuwurre mung 1,6 mm. karo nek kalian kesel nulis gek arep ngrungokne musik, laptop iki yowes didukung Asus SonicMaster, seng jedag jedug menghasilkan suara seng luar biasa.

     Wes wes, semono wae ngomongke Asus Zenbook iki, arep diomongne utowo dirasani koyo opo laptop iki wes menurutku wes apik tenan. Meskipun sak jane aku urung jajal, hehe.  Yo intine meskipun laptop iki tipis, tapi spesifikasi dalamnya wes tebal tenan, yo ngene iki seng digoleki banyak orang.

   


EmoticonEmoticon